Rusake lingkungan kali

   Keadaane kali ing sekitaran omahku dino iki tanggal 4 Agustus 2020 turut memprihatinkan.Kali seng biene bersih saiki malah dadi rusak amarga sampah seng numpuk.Hal iki disebabake budaya konsumtif mulai merambah nang masyarakat.Saliyane iku prilaku konsumtif uga nyebabake panggunaan plastik sing bisa digunakake sepisan. Kegiatan industri uga melu polusi iki sing asale saka pembuangan limbah nang kali tanpa melalui saringan.

     Kesadarane wong karo pentinge mbuang sampah ing papane tambah menyusut.Iki amarga kurange intensitas pamrentah kanggo mbentuk pola tingkah laku wong sing peduli karo lingkungan.Miturut masyarakat sekitar wong wong saiki podo mbuang sampah nang kali ketimbang melu program sampahe pamrentah.Padahal biaya seng digunakake kanggo melu program iki relatif murah.Akibate kejadian iki kali ing sekitar omahku tambah rusak lan banyune gak layak konsumsi.Mangkane iku dibutuhake peran pamrentah lan kesadarane masyarakat kanggo ngrampungake masalah iki.

                             
   
                                                                                                                                 Rizal Akbar

Komentar